Sembahyang Tasbèh bahasa Jawa Veri Pendek

Sembahyang Tasbèh

Konjuk

Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Amin.

Kawula Pitados

Kawula pitados ing Allah Rama Sang Mahakuwasa ingkang nitahaken bumi-langit, saha ing Gusti Yésus Kristus Putra Dalem ontang-anting Pangéran kawula, ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba déning kuwasa Dalem Hyang Roh Suci, ingkang nandang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang séda sarta kasarèkaken, tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking séda, mékrad dhateng Swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa, saking ngriku badhé rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci lan panunggiling para suci, pangapuntening dosa, tangining badan, saha gesang langgeng. Amin.

Mugi Linuhurna

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci, kados ing mula-buka, sapunika, sarta ing salami-laminipun. Amin.

Pinujia

Pinujia Asma Dalem Sri Yésus, Ibu Maria, tuwin Santo Yusuf, sapunika sarta langgeng. Amin.

Rama Kawula

Rama kawula ing Swarga, Asma Dalem kaluhurna, Kraton Dalem mugi rawuha, karsa Dalem kalampahana, wonten ing donya kados in Swarga. Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika, sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados déné anggèn kawula ugi ngapunten dhateng sesami, kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin.

Sembah Bekti Katur Ing Putra Putri Dalem Sang Hyang Rama

Sembah Bekti Maria

Sembah bekti kawula Dèwi Maria, kekasihing Allah, Pangéran nunggil ing Panjenengan Dalem sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yésus. Dèwi Maria Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu Dalem, samangké tuwin bénjing dumugining pejah. Amin

Sembah Bekti Katur Ing Ibu Dalem Sang Hyang Putra

Sembah bekti kawula ...

Sembah Bekti Katur Ing Pramèswari Dalem Sang Hyang Roh Suci

Sembah bekti kawula ...

Mugi Linuhurna ...

Pinujia ...

KABINGAHAN DALEM

1. Malaékat Gabrièl Nglantaraké Dhawuh Marang Ibu Maria

2. Ibu Maria Tuwi Santa Elisabét

3. Sang Kristus Miyos Ing Bètlehèm

4. Sang Kristus Dicaosaké Ana Ing Padaleman Suci

5. Sang Kristus Kapanggih Ana Ing Padaleman Suci

SUMUNAR DALEM

1. Gusti Yésus Dibabtis Ana Ing Bengawan Yordhan

2. Gusti Yésus Paring Pratéla Ana Pangantènan Ing Kana

3. Gusti Yésus Wiwit Mucal Lan Dhawuh Padha Martobat

4. Gusti Yésus Kamulyakaké Ana Ing Gunung Tabor

5. Gusti Yésus Yasa Sakramèn Ekaristi

KASANGSARAN DALEM

1. Gusti Yésus Sungkawa Ana Ing Taman Jaétun

2. Gusti Yésus Disapu

3. Gusti Yésus Diagemi Makutha Eri

4. Gusti Yésus Manggul Pamenthangan

5. Gusti Yésus Séda Ana Ing Pamenthangan

IV. KAMULYAN DALEM

1. Gusti Yésus Wungu Saka Séda

2. Gusti Mékrad Menyang Swarga

3. Hyang Roh Suci Tedhak

4. Ibu Maria Kapundhut Menyang Swarga

5. Ibu Maria Tampi Makutha Ana Ing Swarga

Lintani katur Dewi Maria

Gusti Nyuwun Kawelasan

Gusti Nyuwun Kawelasan

Gustinyuwun kawelasan, Sang Kristus kawuli kalilakno Munjuk

Sang kristus mungi nyembadanana panyuwun kawula

Dyah Maria, Ibuning Gusti,

Nyuwun manah mantep dados putra;

Bening lan sumilak pindha tuking toya.

Kula nyuwun manah prasaja,

Boten ngrendhen sakiting batos;

Mana mirah saged kurban dhiri.

Alus-lembat saget tumut sush;

Manah seya lan nyatriya;

Boten supe dhateng sae,

Tanpa grendhem serik, yen kadamel awon.

Kula nyuwun manah alim lan nor-raga,

Tersna tanpa mawi ngentosi pituwas,

Bingah tan kapetang ing manahing sanes,

Kagem Putra Dalem;

Manah mempeng boten nate kendhak,

Suminggah , margi boten katrimah,

Boten kendho, margi boten tinaggapan,

Manah wuyung dhateng kamulyan dalem Sang Kristus Gusti,

Kataman sanjataning tersno Dalem,

Lan labet boten badhe saget tumtum,

Yen dereng dumugi swarga.